Langsung ke konten utama

Crita Cekak

Sasmarane Lintang
Dening : Ema Khafidhotur Qur’ainin
Pendidikan Bahasa Jawa
Universitas Sebelas Maret
  

Kagiyatan MOS wis rampung dilaksanakake, kabeh siswa wis nganggo seragam SMA anyar sing wis diidamke dek mbiyen jaman SMP, sumringah katon ing wajahe para siswa anyar uga katon ing raut praupane Lintang, dheweke seneng banget amarga bisa kalebu ing pawiyatan impinane lan dheweke wis nata niat yen bakal dadi siswa rajin uga ngerampungke mangsa SMA nganthi lancar saengga bisa neruske ing perguruan tinggi negeri, Lintang uga nduweni pangarep ora ana masalah sing ngelunturake niyate.
Hawane dina iku sumer banget kaya-kayata srengenge manjer terus ning ndhukur sirah, bel wis nyanyi ping telu nandhaake yen wayahe jam istirahat. Ora suwi kopsis katon kebak siswa sing pengin tuku panganan lan ombenan, amarga kantin isih direnovasi mula kabeh siswa njajan ing kopsis. Lintang gagih nang kopsis wedi ora kumanan jajan. Dheweke mangkat dhewe menyang kopsis merga duselan dheweke milih liwat ngarep lab kimia sing luwih sepi. Mlaku karo grusak-grusuk amarga ngempet lesu dheweke meh nubruk sawijining cah lanang sing bagus rupane sing lagi papasan karo dheweke. Lintang langsung nge”rem” ndadak lan jaluk sepura banjur cah lanang kuwi mung mesem. Lintang kagum marang cah lanang kuwi amarga rupa lan ragane sempurna mirip Boyband Korea uga nduweni esem kang mrenane ati. Lintang sempet ngelirik jeneng sing nemplek ing dhadha tengene cah lanang kuwi.
 “Oh jenenge ARYA SAN RAKRAN, pantes rupane bagus kayata jenenge”, batine Lintang.
Awit saka papasan kuwi Lintang ngerasa yen duwe rasa seneng saben nyawang Arya, nanging dheweke sadar yen dheweke mung cah wadon sing ora bisa nata penampilan nanging nyenengi cah lanang kang bagus rupane uga sing mesthi akeh sing nyenengi. Kebeneran kelase Arya sandhingan karo kelase Lintang. Lintang bungah amarga saben dina dheweke bisa nyawang cah bagus kuwi. Lintang asring nyawang lan ngamati cah bagus kuwi saka adohan amarga dheweke ora wani nyawang langsung apa maneh pacelathon karo Arya. Akeh pirangan sing ana ing Arya diweruhi Lintang nanging Arya ora sadar yen Lintang kepengin cedhak karo dheweke, paling ora dadi kanca cedhak. Lintang wis ngusahakake ngelakoni pirangan sing sekirane bisa gawe dheweke aweh perhatian saka Arya, nanging iku kabeh ora entuk respon apik saka Arya.
Sawijing dina Lintang lagi melu kelas bimbingan sore krungu kabar yen Arya nyenengi cah wadon sing ayu banget lan sak kelas karo dheweke. Lintang kaget uga kuciwa apa maneh dheweke pungkasane ngerti yen sing disenengi Arya kuwi sahabate dhewe Kina. Lan ing kanyatan Kina uga duwe rasa seneng marang Arya, kuciwa banget dirasakne Lintang. Nanging piye maneh yen padha senenge, masiya Kina ya ngerti yen Lintang uga nyenengi Arya malah sak durunge Kina kenal Arya.
 “Ngerti kaya ngene aku ra bakal nerusake mendem tresnaku, aku ra bakal ngarepke piwales saka Arya, kabeh pancen salahku sing ora sadar diri”, Lintang ngomong dhewe kanthi mbrebes mili.
Lintang wis nyoba nahan nesune marang Kina, ora sakmesthine dheweke nesu. Masiya Lintang duwe tresna marang Arya nanging tresna kuwi mung sepihak. Lintang wis nyoba ngadoh saka Arya nanging rasane pancet ora bisa luntur. Lintang iling yen tujuane mlebu ing SMA iki amarga dheweke pengin ngawujudake angen-angenne sekolah ing SMA apik ben penak mlebu perguruan tinggi negeri.
Mangsa SMA wis katutup ing tahun iki, para kanca wis sibuk lan mumet daftar perguruan tinggi ana sing wis katrima uga ana sing isih berjuang. Ora krasa Lintang ngelamun ing pinggir gazebo sekolah, mara-mara ana sing ngageti dheweke yaiku Iyin, kanca kenthele sing ndueni kisah lan tujuan kayata dheweke.
“Wis telung taun ya kowe mendhem dhewe rasa senengmu marang Arya”, “kowe tatag tenan loh Lin”, clethuke Iyin.
“Hahah mbuh Yin aku ya ra paham marang ati lan pikiranku dhewe”, “wis ora usah dibahas ayo ngantin mumpung isih dadi cah SMA”, saute Lintang mungkasi lamunne.  
Purnawiyata dadi acara sakral kanggo nandhaake siswa kuwi wis diculke saka tanggung jawab sekolah. Kabeh cah wadon katon ayu ing jeroning make up lan kebayak, uga sing lanang katon bagus nganggo setelan jas lan sepatu pantofel. Kabeh wajahe sumringah amarga wes meh dadi cah kuliahan. Saka adohan Lintang terus ndelengi Arya saka pinggir kelas sing digawe poto bareng dheweke lan kanca-kancane pengin rasane dheweke foto bareng karo Arya kanggo kenangan terakhir kang bisa dibingkai.
“Aku sing ngelamun bayangake dheweke ngajak aku foto ora sadar yen ana sawijining cah lanang nepuk pundhakku”, jare Lintang.
Lintang pancet ora wani ngomong langsung apa maneh ngajak foto bareng. Lintang wis bayangake kuwi mesthi Arya banjur dicelinguk eh tibakne Mahda, kanca sak kelase Lintang awit kelas 10, dheweke mara menehi sebuket kembang karo ngucapke selamat banjur dheweke ngungkapke perasaanne marang Lintang.
“Lintang aku butuh wektu karo kowe”, Mahda ngawiti pacelathon.
Oh iya tapi aku ora bisa suwi-suwi merga ana janji karo Iyin”, wangusle Lintang
“Iya nanging aku njaluk kowe serius”, “Kowe karo aku wis sak kelas saka kelas 10 menawa kowe ora sadar yen suwihe semana aku uga nyenengi kowe”, tegese Mahda
“Hah” (Lintang kaget) “ Nanging Mah..”, Lintang mangsuli nganti geragapan
“Lin aku paham yen kowe uga isih nduwe rasa marang Arya nanging apa kowe bakal terus ngene?” tulung uga pikirna perasaanku aku uga ning posisimu, tulung wenehana aku kesempatan kanggo ngilangake sosok Arya ing jeroning pikiran lan atimu”, saute Mahda kanthi rasa ndredeg ora karuan.
Lintang sempet kaget ora nyangka, nanging krungu alesanne Mahda nyenengi Lintang, Lintang ngerasa yen selama iki dheweke luwih peduli lan mung perhatian marang Arya sing ora peduli marang dheweke, nganti ana cah lanang sing nyenengi dheweke Lintang ora nyadar. Batine Lintang ora karuan dheweke isih ndue rasa marang Arya nanging uga wis pegel nguyak tanpa walesan. Dheweke gurung bisa mangsuli.
 “Aku uga pengin ngerti rasane ditresnani, apa aku nyoba nyenengi wong kang ndue perhatian nang aku selama iki, Mahda?”, batine Lintang.


Komentar

  1. Ceritanya bagus kak. Lanjutkan!

    BalasHapus
  2. Bagus kak, ditunggu karya selanjutnya. Sukses terus ๐Ÿ‘

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nggih mbak maturnuwun sanget, semoga bisa publikasi lagi :)

      Hapus
  3. bagus kak sanngat menginspirasi, sukses terus

    BalasHapus
  4. Wah syukurlah, maturunuwun sanget :)

    BalasHapus
  5. Baper kak :") ditunggu karya selanjutnya ๐Ÿ˜Š๐Ÿ˜Š

    BalasHapus
    Balasan
    1. Aduh sampek baper ya, siap nuwun mbak sampun diapresiasi ๐Ÿ˜„

      Hapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Crita Wayang Bima Bungkus

  BIMA BUNGKUS Ing tlatah Ngastina, duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…” Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.

TEKS SESORAH (PIDATO)

  Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara (Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas IX)   A.     Pidhato (Sesorah)   Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Urut-urutane pidhato: 1.       Salam Pambuka Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. 2.       Purwaka Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung. 3.       Isi/ wigatining pidhato/ surasane Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato. 4.       Pangarep-arep Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah) 5.       Panutup Isine nyuwun p