Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2020

TEKS PARIWARA (IKLAN)

     WULANGAN 3 TEKS PARIWARA (Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas VIII) Kegiatan 1: Wangun Teks Iklan / Reklame      Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa utawa ajak-ajak. Nawakake teges ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake.      Iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer. Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina digunakake nom-noman. Menawa kang diarah iku kalangan masyarakat umum, ya nganggo basa kang umum. Ukara iklan kudu ringkes, cetha, cekak aos, lan narik kawigaten. Basane narik kawigaten, tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gamp

TEKS SESORAH (PIDATO)

  Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara (Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas IX)   A.     Pidhato (Sesorah)   Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Urut-urutane pidhato: 1.       Salam Pambuka Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. 2.       Purwaka Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung. 3.       Isi/ wigatining pidhato/ surasane Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato. 4.       Pangarep-arep Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah) 5.       Panutup Isine nyuwun p