Langsung ke konten utama

TEKS PARIWARA (IKLAN)

    

WULANGAN 3
TEKS PARIWARA
(Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas VIII)

Kegiatan 1: Wangun Teks Iklan / Reklame

    Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa utawa ajak-ajak. Nawakake teges ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake.

    Iklan sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer. Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina digunakake nom-noman. Menawa kang diarah iku kalangan masyarakat umum, ya nganggo basa kang umum. Ukara iklan kudu ringkes, cetha, cekak aos, lan narik kawigaten. Basane narik kawigaten, tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gampang lali banjur yen sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal  kelingan banjur tuku barang mau.

Ing jaman saiki, iklan bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana maneh sing lumantar radhio, TV, lan internet. Iklan uga lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet, baliho, ariwarti, lan kalawarti. Dene medhia elektronik yaiku televisi, radhio, lan internet. Ariwarti yaiku layang kabar kang metune/terbite saben dina, dene kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan, utawa sesasi pisan.

Miturut ancas utawa tujuane, iklan dibedakake dadi:

1. Iklan Komersial

Iklan komersial mengku tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire ndayani  masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa  nggunakake barang lan jasa sing ditawakake.

Tuladhane:    iklan  kang  isine  nawakake  panganan,  obat,  klambi,  lan sapanunggalane.

2. Iklan Layanan Masyarakat

Iklan layanan masyarakat  minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuane  adol  gagasan kanggo kepentingan  sosial  lan  pelayanan  tumrap masyarakat. Biasane arupa ajakan, pranyatan, utawa himbauan marang masyarakat  kanggo  nindakake  utawa  nyegah  sawijining  pakarti  kanggo  kepentingan umum.

Tuladha   iklan   layanan   masyarakat,   umpamane:   ajakan   supaya   ora mbuwang  larahan  sembarangan,  milah  larahan  miturut  jinie,  nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu  samangsa dianakake pemilihan, lan sapanunggalane.

Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku:

1. Iklan Informatif

Iklan informatif nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki :

a.  Duwe  pamrih  kanggo  nyiptakake  kesadharan,  menehi  informasi,  lan ngenalake prodhuk anyar  utawa njelasake keunggulan prodhuk sing wis ana.

b. Menehi informasi manawa dumadi owah-owahan rega, kemasan utawa owah-owahan liyane tumrap prodhuk sing wis ana.

c.  Njelasake tata rakit sawijine prodhuk  barang utawa jasa.

d. Ngurangi  rasa  was  sumelang  tumrap  konsumen  samangsa  dumadi perubahan tumrap prodhuk tinamtu. Mesthine kabeh mau kanthi tujuan supaya konsumen ora banjur pindhah marang prodhuk liyane.

2.  Iklan Persuasif

Iklan persuasif nduweni ciri kaya ing ngisor iki:

a.   Tujuane  kanggo  narik  kawigaten  lan  ndayani  konsumen  supaya ketarik marang prodhuk sing diiklanake.

b.  Ngowahi persepsi konsumen, saengga sing maune ora kenal malih kenal, sing maune ora ketarik malih ketarik, sing maune anti pati malih dadi ketagihan marang prodhuk sing diiklanake

c.   Ndayani  marang  konsumen  sing  pancen  wis  ketarik  enggal  tuku barang sing diiklanake.

3.  Iklan Reminder

Iklan reminder nduweni ciri-ciri:

a.   Tujuane  kanggo  nggiring  konsumen  supaya  enggal  tuku  prodhuk sing diiklanake.

b.  Ngelingake  konsumen  manawa  sawijine  wektu  bakal  mbutuhake banget marang prodhuk sing diiklanake.

c.   Ngelingake  konsumen  ing  ngendi  bisa  tuku/golek  barang  sing dibutuhake.

d.  Ngrangkul konsumen supaya tansah setya dadi konsumen prodhuk sing diiklanake.

Miturut medhia kang digunakake kanggo masang iklan, dibedakake dadi loro (2), yaiku Iklan above the line  lan Iklan below the line.

1.   Iklan above the line yaiku  iklan kang  migunakake  medhia  massa. Maksude khalayak sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan pesan  kang  kanggo  wong  akeh  (serempak).  Medhia   kang  kalebu kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi, film, radhio, dan internet.

2.   Iklan below the line iku iklan kang migunakake medhia khusus. Kang kalebu  iklan  jinis  iki   yaiku:  leaflet,  poster,  spandhuk,  baliho,  bus panel, bus stop, point of purchase (POP),  sticker, shop sign, flayers, display, lan sapanunggalane.

Perangan  teks  kang  awujud:  headline,  subheadline,  amplifikasi, tagline lan productshot.

1. Headline, yaiku perangan iklan kang pancen sengaja ditonjolake. Pamrihe supaya iklan narik  kawigaten para pamiarsa minangka punjer utawa intine iklan. Ora kudu manggon ana ing awal tulisan,  nanging sing baku dadi titik awal utawa kang sepisanan dikenali dening pamiarsane.

2. Subheadline, yaiku perangan iklan kang nerangake pokok-pokok iklan sing dianggep  wigati.   Lumrahe     nerangake  ngenani  keunggulan  prodhuk barang utawa jasa sing diiklanake.

3. Amplifikasi, yaiku naskah utawa teks iklan kang ngiringi headline. Kerep diarani  bodicopy  utawa  bodi  teks.  Perangan  iki  mengku  karep  menehi katrangan luwih rinci.

4. Tagline, yaiku slogan utawa basa rinengga kang wujud ukara cekak aos kang nuduhake spirit, kualitas, lan keunggulan prodhuk.

5. Productshot, yaiku gambar utawa brand sing ditawakake.

    Iklan  sing  apik  kudu  bisa  ditampa  masyarakat  lan  salaras  karo kearifan  lokal.  Supaya   ditampa  masyarakat,  mula  kudu  netepi  limang prakara, yaiku: attention (perhatian), interest (menarik), desire (keinginan), conviction (rasa percaya), lan action (tindakan).

(Sumber  :  Kasali,  Renald.  1995.,  “Manajemen  Periklanan:  Konsep  dan  Aplikasinya  di Indonesia”, Jakarta)

 Supaya bisa luwih mangerteni sampeyan gatekana tuladha pariwara ing media elektronik iki (Sumber: Youtube) 🎥










Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Crita Wayang Bima Bungkus

  BIMA BUNGKUS Ing tlatah Ngastina, duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…” Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.

TEKS SESORAH (PIDATO)

  Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara (Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas IX)   A.     Pidhato (Sesorah)   Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Urut-urutane pidhato: 1.       Salam Pambuka Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. 2.       Purwaka Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung. 3.       Isi/ wigatining pidhato/ surasane Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato. 4.       Pangarep-arep Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah) 5.       Panutup Isine nyuwun p