Langsung ke konten utama

TEKS SESORAH (PIDATO)

 

Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara

(Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas IX)

 

A.    Pidhato (Sesorah)

 

Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.

Urut-urutane pidhato:

1.      Salam Pambuka

Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane.

2.      Purwaka

Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung.

3.      Isi/ wigatining pidhato/ surasane

Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato.

4.      Pangarep-arep

Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur.

Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah)

5.      Panutup

Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindaktanduk.

6.      Salam panutup

Ngaturake salam marang para rawuh.

 

Miturut kahanane, pidhato kaperang dadi telu:

1.      Kahanan Resmi

Lumrahe ditindakake dening para pejabat ana ing acara resmi, upamane pidato kenegaraan, upacara HUTKEMRI, upacara HARDIKNAS kang kabeh mau pidato ditindakake sarana nganggo teks resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan isine. Pamicara 56 Kirtya Basa IX ora bisa sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wis ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara.

2.      Kahanan Setengah Resmi

Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake ora kaiket dening naskah, upamane srah trima penganten. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake ora nganggo naskah cukup cathetan sacuwil isi pokok-pokoke.

3.      Kahanan Ora Resmi

Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu. Upamane ana ing patemon warga ngrembug kanggo apike RT kang ditindakake dening Pak RT karo warga kanthi santai.

 

Pidhato miturut tujuane kaperang dadi telu :

1.      Menehi hiburan

Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawa gumbira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo basa kang kepenak.

2.      Menehi Kawruh

Pidhato jinis iki isine ngandharake babagan kanthi sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bisa nganggo conto, bandhingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani supaya luwih gamblang.

3.      Pangajak-ajak

Pidhato jinis iki pamicara ngandharake alasan, bukti, lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak padha utawa jumbuh karo kang dikarepake. Pidhato jinis iki biasane katindakake nalikane kampanye utawa promosi.

 

Miturut carane, pidhato kaperang dadi papat yaiku:

1.      Mawa teks utawa naskah (methode maca).

2.      Ngapalake naskah pidhato.

3.      Ekstemporan: ngapalake wose banjur ngrembakakake wicara nalika pidhato. (njlentrehake cengkorongan pidhato)

4.      Impromptu: pidhato sing ditindakake kanthi spontan (tanpa persiapan).

 

Kirtya Basa IX 57

B.     Pranatacara (Pambyawara)

Pranatacara kena uga diarani pambyawara, pranata adicara utawa pranata laksitaning adicara, yaiku salah swijining pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan Jawa. Ana ing Bahasa Indonesia diarani pewara.

Pranatacara/ pambyawara mujudake pawongan kang nglantarake utawa nata lumakuning adicara ana ing upacara adat Jawa, kayata: temanten, kesripahan, pasamuan, pepanggihan, pengajian, lan sapanunggalane.

Pranatacara/ pambyawara kudu bisa nglafalake/ngucapake tetembungan basa Jawa krama inggil kanthi bener, sarta nata swara supaya tetep narik kawigaten. Saliyane swara, napas uga kudu ditata.

 

Cengkorongan utawa kerangka pranatacara/pambyawara

Bakune wedharaning pangandikan kudu urut runtut, cetha pilahpilahe, satemah isining wedharan bisa jumbuh karo ayahan sing katindakake. Babaring pangandikan, kaperang dadi telung (3) perkara

yaiku:

a. Purwaka

Yaiku atur pangandikan minangka pambuka. Parangane purwaka

ing antarane :

1) Asung pakurmatan marang para tamu.

2) Muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi.

3) Ngaturake gatining ayahan.

4) Ngaturake reroncening adicara.

5) Tata laksitaning adicara kawaca saka pambuka nganti tekan panutup, banjur para tamu kasuwun lenggah kanthi sekeca, angantu adicara sabanjure.

b. Isi utawa peranganing isi kang wigati

Yaiku isining pangandikan sing kagolong wigati tumrap panata adicara kayata ngaturake saben-saben adicara. Anggone ngaturake adicara sing arep lumaku kudu cetha. Siji-siji para paraga kang

nyengkuyung diaturi kanthi cetha.

c. Wasana

Yaiku atur kang minangka panutup. Dene perangan wasana, tumrap panata adicara ing antarane:

58 Kirtya Basa IX

1) Njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan sarta sakabehing kekurangane kang mengku gati anggone atur lungguh suguh.

2) Ndherekake sugeng kondur marang para tamu

3) Ngaturake adicara panutup kanthi salam panutup.

 

Syarat dadi pranatacara/pambyawara supaya bisa nindakake

pakaryane:

a. Olah Swara

Swara sing apik iku diarani gandhang, yaiku ora brisik, ulem kepenak dirungokake, kebak kawibawan, nuduhake kapribaden. Ing ngisor iki kang bisa mbiyantu pambyawara/ pranatacara olah swara :

1. Logat (accentuation).

Swarane pambyawara/ pranatacara ora oleh kecampuran dhialek utawa logat, kudu nggunakake basa baku. Kang dianggep basa baku yaiku basa logat/dhialek Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat. Dhialek kang dudu basa baku bisa digunakake ing acara santai utawa kanggo selingan supaya ora sepi.

2. Pocapan (Articulation)

Yaiku gamblanging pangucap tetembungan lan ukarane. Vokal lan konsonane kudu diucap kanthi bener ora oleh bindheng.

3. Napas/prana (breath).

Ora oleh meksa, menggeh-menggeh saengga ketok menawa ora samesthine. Ngadeg jejeg, rileks, panganggo longgar/ora sesak bisa nglonggarake napas, saengga swara bisa alami.

4. Kecepatan (speed) lan Intonasi (intonation)

Kanggo adicara resmi kaya temanten, kesripahan, pahargyan nggunakake swara endhek lan alon. Nanging ing adicara hiburan nggunakake swara dhuwur. Cepet orane anggone matur kudu dislarasake karo kahanan.

5. Empati utawa kajiwan.

Swara kang diucapake kudu bisa nglarasake karo kondhisi kejiwan sawijining adicara, swasana seneng utawa susah.

6. Infleksi utawa laguning ukara (perubahan nada suara)

Luwih becik ora mbolan mbaleni tetembungan (redundancy). Infleksi munggah nuduhake ana terusane ukara utawa mudhun

nuduhake pungkasaning ukara. 

Kirtya Basa IX 59

b. Olah Raga lan Busana

Ajining dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing busana. Pasibasan iku trep karo pakaryan pambyawara/pranatacara. Pambyawara/pranatacara bakal katon endah menawa disengkuyung karo endahing swara, pawakan sarta busanane.

Ing ngisor iki ana pitung olah raga pambyawara/pranatacara :

1. Magatra: badan, pasuryan, carane ngrasuk busana, pantes, ora digawe-gawe.

2. Malaksana : carane mlaku luwes ora ragu-ragu.

3. Mawastha : ngadeg jejeg ora miring.

4. Maraga : manteb, tenang, ora gemeter, jejeg, madhep mengarep,

obahing tangan nuduhake kejelasaning pangucap.

5. Malaghawa: trampil, lancar, ora alon uga ora kecepeten.

6. Matanggap : tanggap marang swasana, menawa kahanan mbutuhake swasana sepi kudu bisa tenang lan khitmat, menawa swasana gumbira uga kudu bisa nggawe swasana gumbira.

7. Mawwat: manteb, mungkasi adicara kanthi sampurna kaya dene pangajabe kang duwe adicara.

 c. Olah basa lan sastra.

Pranatacara/ pambyawara kudu trampil migunakake tetembungan, frasa, ukara, lan basa rinengga sarta nggunakake basa krama alus (inggil) kanthi laras lan leres. Rerengganan biasane nggunakake basa Kawi. Pranatacara/ pambyawara umume nggunakake purwakanthi

(lumaksita, sastra, swara) lan nembang.

 

Tuladha purwakanthi lumaksita (purwakanthi guru basa):

Nun inggih naming Dhimas Sujatmika ingkang kuwawi methik

puspita, puspita cempaka, cempaka kang lagya ambabar ganda

arum, boten sanes inggih naming Risang Ahayu Retna Kumala.

 

Tuladha purwakanthi guru sastra:

Bokmenawi atur kula wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun

agunging pangaksama.

Wijang wijiling wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha

pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng rising temanten

kekalih.

 

Tuladha purwakanthi guru swara:

Gumarenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang

mider hangupeng puspita, hanenggih punika rata kencana

ingkang tinitihan dening putra calon penganten kakung ingkang

sampun manjing gapuraning palataran.

 

d. Pangrengga Swara

Kemajuan teknologi bisa mbiyantu pranatacara/ pambyawara kanggo ngolah swara. Adoh cedhake mikrofon saka tutuke pranatacara bisa kanggo mbedakake swara abot lan entheng wektu ngucapake tetembungan.

e. Papan

Papan ana ingendi pranatacara/ pambyawara ngadeg kudu pas karo swasana, ora kena kadohan utawa kecedheken karo tamu. Sing paling pas yaiku ing papan sing bisa kanggo nyawang kabeh tamu sarta isi papan pasamuan kanthi jelas, cedhak karo panitia, lan sing nata sound system.

f. Pawiyatan

Dadi pranatacara/ pambyawara bisa sinau saka pendhidhikan formal apadene non formal kayata kursus, penataran, pelatihan utawa sinau dhewe. Saliyane iku uga kudu diimbangi kanthi ilmu agama saengga bisa ngandharake ayat-ayat saka kitab apa bae.

g. Mental

Supaya pranatacara/ pambyawara nduweni mental kang kuwat, wani madeg kanthi asil kang murakabi, dibutuhake latihan/gladhen. Bisa nindakake gladhen, kanthi gladhen simulasi utawa gladhen kang sanyatane. Gladhi simulasi yaiku nindakake pakaryan pranatacara/ pambyawara kaya ngadhepi tamu sanyatane ana ing sanjabane adicara. Dene gladhi satemene yaiku melu kegiatan pranatacara/ pambyawara ana ing adicara sanyatane kanthi ngadeg ing sacedhake pranatacara/ pambyawara profesional wektu nindakake pakaryan pranatacara/ pambyawara. Menawa wis rumangsa bisa lan wani, bisa nyoba satitilaksana utawa rong titilaksana ana ing adicara kasebut kanthi gentenan karo pranatacara/ pambyawara sing profesional. Yen wis rumangsa wani tenan bisa nindakake pakaryan pranatacara/pambyawara dhewe.

h. Tawajuh

Tawajuh iku gegandhengan karo dhisiplin wektu lan jejibahan. Dhisiplin wektu tegese kudu teka luwih dhisik tinimbang para tamu, miwiti adicara pas karo adicara kang direncanakake sarta mungkasi adicara pas karo rencanane. Dhisiplin ing jejibahan tegese nindakake jejibahan kayadene apa sing dikarepake kang duwe gawe, ora ninggalake papan adicara sadurunge adicara paripurna.

i. Gladhen

Pranatacara/ pambyawara kudu nindakake gladhi adicara supaya adicara kang diayahi bisa bener, swarane endah sarta bisa nindakake pakaryane saka wiwitan nganti pungkasan

j. Kasamaptan

Samapta tegese siap. Siap ana ing kene duweni teges mumpuni nyiapake dhiri pribadi, penampilan, busana sarta adicara. Aja nganti wektu adicara, ora sehat saengga kudu golek gati. Busana uga kudu digatekake saengga ora andadekake ora sek (ora kepenak) ana ing ngarepe para tamu. Siap ana ing adicara ateges pambyawara/pranatacara kudu nganakake komunikasi karo sing duwe gawe, panitia adicara, kepriye apike adicara digelar.

 

Supaya bisa luwih mangerteni sampeyan gatekana materi bab Teks Sesorah (Suara Pendidikan TV) 🎥


 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Crita Wayang Bima Bungkus

  BIMA BUNGKUS Ing tlatah Ngastina, duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…” Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.