Langsung ke konten utama

Crita Wayang Bima Bungkus



 BIMA BUNGKUS

Ing tlatah Ngastina, duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.

“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.

Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. Anane bungkus dadi gegere suralaya. bumi gonjang ganjing seperti dibelah. lautan menjadi kering. Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus. Praptene Betara Narada.

Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa,
“Heemmm, aku iki sopoh?” “Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
     
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌📌


Kepiye miturutmu babagan crita Bima bungkus neng dhuwur ? Yen isih ana sing durung kongerteni saka crita kuwi bisa lumantar nonton video animasi iki supaya bisa luwih paham babagan Cerita Wayang Bima Bungkus.

Sugeng hamirasni..😁



Sumber : https://www.youtube.com/watch?v=poG8sDeXSf0




Aja lali menehi kritik lan sarane kanggo penulis lumantar kolom komentar, nuwun 😄

Komentar

  1. Waw.. bagus sekali. Lanjutkan!!

    BalasHapus
  2. Kereenn kak. Makasih ilmunya.

    BalasHapus
  3. Balasan
    1. Maturnuwun sampun mampir, semoga bermanfaat 😄

      Hapus
  4. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  5. Menarik mbak ceritanya. Salam kenal ya.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wah nggih salam kenal mbak Tya, maturnuwun sampun mampir :)

      Hapus
  6. I don't even know what's the point but i really appreciate it

    BalasHapus
    Balasan
    1. Thanks for your appreciated, i hope that's can help you to learn more about javanese culture 😘

      Hapus
  7. Bagus banget Mbak 😊 matur nuwun ilmunya

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nggih maturnuwun sanget mbak sampun diapresiasi 😄

      Hapus
  8. Terimakasih kak, materinya sangat cocok untuk materi pembelajaran bahasa Jawa (y)

    BalasHapus
    Balasan
    1. Maturnuwun mas, Alhamdulillah saged berguna 😄

      Hapus
  9. Nuwun kak menambah wawasan akuu

    BalasHapus
  10. Bermanfaat sekali kak. Terima kasih ilmunya 😊

    BalasHapus
    Balasan
    1. Nggih maturnuwun sanget sampun diapresiasi 😄

      Hapus
  11. Kak mau tanya Tembung Duhkitaning, Tartamtu,Anggennya,Binanting,
    Tumakon,wisiking tegese iku op

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEKS SESORAH (PIDATO)

  Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara (Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas IX)   A.     Pidhato (Sesorah)   Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Urut-urutane pidhato: 1.       Salam Pambuka Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. 2.       Purwaka Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung. 3.       Isi/ wigatining pidhato/ surasane Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato. 4.       Pangarep-arep Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah) 5.       Panutup Isine nyuwun p