Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2020

TEKS NARASI CRITA WAYANG

WULANGAN 3 TEKS CRITA WAYANG (Buku Kirtya Basa Kanggo Kelas VII) Teks crita wayang kalebu teks narasi. Titikane teks narasi, kaya ing ngisor iki : a.  Wujude wacan narasi bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi aka panganggone tembung, lan ukara 1)      Struktur wacan narasi dumadi saka orientasi, komplikasi, klimak, resolusi, reorientasi, lan koda/amanat. 2)      Unsur basa, utawa wujud basane wacan narasi arupa tembung ukarane, lan wangune paragraf.                  3)      Ing kalodhangan iki mligi ngenani tembung lan ukara sing dadi cirine wacan narasi, yaiku arupa tembung ukara paesan utawa basa rinengga, lan unggah-ungguh basa. b.      Tujuan panulisan lan pamacane wacan narasi kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk pesan moral/nilai budi pekerti, lan hikmahe.  c .       Fungsi wacan narasi saliyane wujud medhar gagasan lan ide, uga kanggo marisake nilai budi pekerti luhur.   Supaya bisa luwih mange