Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2019

Crita Wayang Bima Bungkus

  BIMA BUNGKUS Ing tlatah Ngastina, duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…” Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.

Crita Cekak

S asmarane Lintang Dening : Ema Khafidhotur Qur’ainin Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret    Kagiyatan MOS wis rampung dilaksanakake, kabeh siswa wis nganggo seragam SMA anyar sing wis diidamke dek mbiyen jaman SMP, sumringah katon ing wajahe para siswa anyar uga katon ing raut praupane Lintang, dheweke seneng banget amarga bisa kalebu ing pawiyatan impinane lan dheweke wis nata niat yen bakal dadi siswa rajin uga ngerampungke mangsa SMA nganthi lancar saengga bisa neruske ing perguruan tinggi negeri , Lintang uga nduweni pangarep ora ana masalah sing ngelunturake niyate. Hawane dina iku sumer banget kaya-kayata srengenge manjer terus ning ndhukur sirah, bel wis nyanyi ping telu nandhaake yen wayahe jam istirahat. Ora suwi kopsis katon kebak siswa sing pengin tuku panganan lan ombenan, amarga kantin isih direnovasi mula kabeh siswa njajan ing kopsis . Lintang gagih nang kopsis wedi ora kumanan jajan. Dheweke mangkat dhewe menyang kopsis merga duselan dhe